استغفر الله رب البرايا
استغفر الله من الخطايا
ربِّ زدنى علما نافعا
ووفقنى عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك
يا رفيع الشان والدرج
عطفـة ياجيـرة العلم
>يا اهيل الجـود والكرم
Ngawiti ingsun nglarasa syi’iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syareat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro
Akeh kang apal Qur’an hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaes gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman taukhite
Bagus sangu mulyo matine
Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane
Alquran qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjing iman
Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang padho rukun ojo dursila
Iku sunahe rasul kang mulya
Nabi Muhammad panutan kito
Ayo anglakoni sakabehane
Alloh kang ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate
Lamun palarasto ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese
يا رسول الله سلام عليك
يا رفيع الشان والدرج
عطفـة ياجيـرة العلم
>يا اهيل الجـود والكرم
bisa download file mp3-nya di –> http://bit.ly/ehqkgg
Posted by hidayat on 4 June 2011 at 11:30 am
salam.
bolehkah terjemahnya ke dalam bahasa indonesia?